manohara – televisi

anti-tv

saiki lek awan lagi males ndelok tipi aku,

mosok angger nyetel tipi isine lak manohara terus,

mulai transtv, trans 7, tpi, antv, rcti opo maneh indosiar,

kabeh isine gosip tok mulai isuk sampek tipine modar,

opo maneh lek ndelok ibuke mano sing lagi ngablak,

jan jengkel tenan aku sampe dadi pengen ngeplak,

manohara ki sopo to, wong yo ra ono untung rugine kanggo negoro,

olehe mberitakno kok koyo yak yak’o,

arep di visum yo ra ndang teko,

olehe kluyuran ning tipi-tipi sing di penak-penakno,

untung tipiku kenek nggo nyetel jtv suroboyo,

dadi aku iso ngguyu kekel ndelok dagelan kartolo,

untung tipiku kenek nggo nyetel ctv lamongan,

dadi iso njoget ngrungokne dangdutan,

lek lagi boring aku longo ning tuban,

ndelok laut endah sing ambane ra karuwan,

pancen elok ciptaane Tuhan,

anti-tv-fulltimbang aku ning omah ndelok tipi terus-terusan,

bludrek kabeh ndelok acara sing ra karu-karuan.

(tuban 07 juni 2009)

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.